LIYANGAN SAHA POSONG DADOS TETENGER PARIWISATA TEMANGGUNG

Posted by Hendi Prakoso Rabu, 02 Oktober 2013 0 komentar
Wakil Bupati Temanggung Irawan Prasetyadi nelakaken, posong saha liyangan kapilih minangka icon pariwisata Temanggung amargi kekalih papan pariwisata kasebat nêngsêmakên sanget.
Liyangan mujudaken situs sejarah pemukiman ingkang jangkep sanget, ingkang boten dipun gadhahi dening situs-situs sanes ing Indonesia. Dene posong mujudaken papan wisata alam pegunungan ingkang nggadhahi sesawangan ingkang endah, malah boten kawon kalian papan wisata alam ing Indonesia kadosta Bromo. Salajengipun Irawan nelakaken, kangge ndadosaken posong saha liyangan minangka icon pariwisata ing Temanggung panci boten gampil, mliginipun liyangan. Eskavasi liyangan mbetahaken ragad ingkang kathah. Pemkab boten badhe kiyat ngragadi eskavasi piyambak. Salebeting anggaran perubahan 2013 menika, Pemkab nganggaraken Rp. 230 yuta kangge ekskavasi liyangan. Anggaran kasebat karaos taksih alit sanget menawi katandhingaken kalian wiyaripun liyangan. Dipun ajab kanthi kekalih ikon pariwisata kasebat saged ngangkat citra pariwisata Temanggung satemah PAD saking pariwisata saged mindhak.
 
URL sumber berita  :
http://manteb.com/berita/17754/Liyangan.saha.Posong.Dados.Tetenger.Pariwisata.Temanggung.
 
 
 
 

0 komentar:

Posting Komentar

Total Tayangan Halaman

ViralGen Referral Shopping